Yo Prok Konco Dolanan Ing Njobo..

Sunday, April 29, 2007

DenBaguse Cosa (Review Blog Dalam Bahasa Jawa Ngoko)

uhuy.. mulai siki bisa bangga nyebut nek aku kie cah indonesia, kepriwe ra bangga jajal, lha wong ana salah sijining wong indonesia sing bisa sukses neng kancah peradsenseran nang dunia internasional, ya sapa maning nek dudu CosaAranda bocah surabaya sing gudang duite mili deres banget sekang adsense hihihi...

Nah hebad`e kiye wong, ilmu ra dipangan dewek, ra di untal dewek, Cosa kiye uga seneng bagi-bagi ilmu nggo kanca kancane sebangsa lan setanah air, deweke gawe situs sing dikhususna nggo belajar utawa sinau adsense, lan uga ajang diskusi nggo cah-cah sing dolanan adsense, nang situse ana macem macem trik, tips lan tutorial kepriben carane ben bisa olih duit sekang internet, terutama neng adsense.

Tapi.. ora mung kuwe thok, deweke sing seneng banget ngutak atik wordpress uga ngewenehi konsultasi lan tutorial kepriben ben situse dewek sing nganggo wordpress bisa dioptimalna ben bisa olih duit lewih akeh.

Nah ora mung nang kono thok deweke ya seneng bagi-bagi hadiah hehehehe, pokoke kaya juragan mbako sing seneng mangkal neng pasar wage kae lah, duite ra tau disimpen dewek kabeh, tapi ya dibagi bagina nggo wong wong sing butuh hihihi, nek pengin jujur aku ya nulis kiye ben olih hadiah sekang den mas baguse Cosa, hehehe pengin olih domain gratisan, hehehe..

Trus maning kiye yah, deweke wingi ya tembe di wawancara nang salah sijining radio singapura (kae loh negara sing lambange singa lagi angobb..) lah tambah bangga ra jajal ?? biasane sing diwawancarai wong luar negeri kan wong wong sing koruptor thok, tapi kiye beda. wong sing sukses neng internet SEKANG INDONESIA uga diwawancarai neng wong bule.

Mbalik meng blog`e kae wong maning, nang blog kuwe uga ora kur masalah adsense karo WP thok, pokoke apa baen sing ana hubungane golet duit kang internet (basa jos bush`e making money from internet) uga dibahas, lan enake nang Blog`e Cosa ora nganggo basa inggris tapi basane dewek, basa indonesia, hehehe jane si pengin usul kon nganggo basa banyumasan, tapi wonge baen kang surabaya dadi ra sida usul hihihi

Nah siji maning kiye, deweke uga ngerti cah cah indonesia ana sing koneksine bisane browsing mbukaki situs situs indonesia thok, dadi deweke gawe situs sing pada PLEK tapi servere neng indonesia dadi wong wong sing ra bisa akses situs luarnegeri tetep teyeng ndeleng situse DenBaguse Cosa, nah alamate neng Cosaaranda.net

Kuwe baen sit lah, kesel ngetike hehehe, moga2 nek DenBaguse Cosa ndeleng kiye repiew teyeng di ACC ben basane nganggo basa banyumasan heheheh

Wasalam !